Posted by : Unknown
Kamis, 03 Oktober 2013
Pawarta basa jawa
Kula
rinaldy hening setiyawan,nglapiraken saking andhang pangrenan.dinten wingi wonten
ing andhang pangrenan,wonten acara “debat calon bupati lan wakil banyumas
periode 2013 ngantos 2018”cacahipun wonten 6 pasang.wonten ingkang saking partai
lan wonten ingkang independen.isinipun debat ngengingi program ingkang dipun
badhe lampahi menawi dados bupati.acara menika dipun rawuhi tokoh masyarakat
lan sekalius tokoh masyarakat ugi ngajokaken pitakonnan dumateng calon calon
bupati lan wakil bupati banyumas lan calon calon bupati sedaya jawab kanthi
lancar.
Acara
wau dippun lajengaken debat calon calon bupati lan wakil banyumas,ngengingi
visi lan misi ingkang sampun dipaparaken.debat wau ketingal rame lan sedaya
jawabannipun sedaya sami sae.ingkang nonton ugih katah sanget lan rumaos remen.milo
menika kangge ngantisipasi kahanan ingkang mboten sae dipun turunaken polisi
polisi saking polres lan polsek.jan masyarakat banyumas pancen mboten remen
damel kerusuhan kerusuhan,milo menika acara debat calon bupati lan wakil
banyumas aman lan lancar.
Masyarakat
sesampunipun mriksani debat calon bupati sedaya sami remen kantun ngenjang
tanggal 17 pebuari 2013 tepatipun dinten minggu sami rawuh dateng TPS-TPS lan
nyoblos inkang dipun remeni piyambak-piyambak.
Sinten
mawon ingkang mangkenipun dados bupatin lan wakil bupati banyumas masyarakat
kedah mendukung program programipun supados kabupaten banyumas langkung maju
mboten ketinggalan kaliyan kabupaten kabupaten sanes,mugi mugi bupati ingkang
dados saged nepati visi lan misi ingkang sampun di canangaken.
Semanten laporan saking andhang panrenan ngengingi debat calon
bupati lan wakil bupati banyumas periode 2013-2018.kula rinaldy hening
setiyawan laporaken saking adhang pangrenan,cekap semanten wangsul dateng
studio ananda yanuar r.




[-( Wo...., itu ada nama Ananda =)) Ijin dulu Al :-b
BalasHapusitu yg buat q tau
BalasHapus